Latest News

Cerita Rakyat 1 (Keong Mas)

Kompetensi: Mengapresiasi  teks fiksi dongeng rakyat sesuai konteks secara verbal dan tulisan.
Indikator:
1. Siswa bisa mempresentasikan sebuah dongeng rakyat dengan tata bahasanya sendiri dengan sopan dan santun
2. Siswa bisa mengambil pesan adab dari sebuah dongeng rakyat


Keong mas


Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru krowodan ing ganjal kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”
Esuk-esik mbok Randha menyang ganjal golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. Ing batine tuwuh pitakon "Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas?" banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining Keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.
Kaya biyasane, mbok Randha menyang ganjal nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi ana krowodan kang biasa ganjel wetenge kang luwe. Dheweke saya tenggengen ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko ganjal pawone wis cumepak panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing ganjal lan jilmo Keong Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, saya iki garwane Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong Mas lan tumeka ganjal Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong Mas kaline dadi asat. Asate banyu jalari Keong Mas nyungsang ing batu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen semoga saya ora konangan Raja Jin saya tak ndelik neng kene anggepen saya anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta semoga njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udah wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.


Tugas untuk kelas 7
1. Presentasikan dongeng tersebut dengan tata bahasa yang sopan dan santun sesuai dengan tata bahasa jawa!

2. Pada dongeng yang disajikan pesan adab apakah yang ada pada dongeng tersebut!






0 Response to "Cerita Rakyat 1 (Keong Mas)"

Total Pageviews